Lirik Mati Urip Karo Kowe
Kene kene kene lungguh kene
Omong omong dikepenakke
E ee e ee oke oke wae
Pancen perlu kanggone aku kowe
Mumpung lego aku arep takon mas
Yen to pancen kowe tresno aku
Ben kowe soyo leh percoyo
Tak wangsuli cobo takonono
Yen le mangan lawohku lawoh tempe
Wes mestine aku yo lawoh tempe
Yen ben isuk ben sehat aku dede
Kewajibanku aku ngancani dede
Yen dong bokek sithik wae ra ono duwit
Cepet cepet nonggo tak utangke
Kepenak ra kepenak darling
Mati urip barengan sak lawase
Mas
Opo
Piye to kok mesti diutangke
Lha wong aku yo urung
Nyambut gawe lho deek
Yen kepareng lungan karo aku
Ruh wong ayu kowe njur kepiye
Ra orane aku kepincut de'e
Paling paling mung nglirik sithik wae
Sirah mumet mergo masuk angin
Opo kowe saguh ngeroki
Tak gosok tak pijeti terus
Lah poko'e nganti kowe mari
Yen njur mlaku ra njarak kesandung watu
Tak tambani watune tak gebuki
Yen nong ndalan nok priyo nggodo aku
Yen wonge cilik
Tak tantang tak pentelengi
Yen kliyengan dumadaan njur semaput
Yo mestine aku melu
Lho lha kowe nek semaput neng
Ndalan yo tak tinggal
Mas kok ditinggal toh ra tresno
Yo tresno ning semaputmu ojo neng ndalan
Ngisin ngisini
Yo wis aku tak semaput neng omah
Nah ngono dadi iso semaput bareng
Opo tenan mati urip karo aku
Wani sumpah seksine langit bumi
Sing pungkasan rungokno tak takoni
Bukti tresno aku kudu nglegani
Yen wis nasib awakku ndisiki mati
Opo kowe yo saguh ngancani
Pitakon ojo aneh aneh
Marakke bingung piye lehku mangsuli